Tuesday, August 22, 2017

√ Pola Artikel Khasiat Bahasa Jawa - Khasiat Buah Mengkudu (Pace)



Khasiat Pace (Mengkudu)

 Pace saget gesang wonten dataran rendah ngantos kainggilan siti  √ Contoh Artikel Khasiat Bahasa Jawa - Khasiat Buah Mengkudu (Pace)


PACE (Morinda citrifolia) kalebet jenisipun kopi – kopian. Pace saget gesang wonten dataran rendah ngantos kainggilan siti 1500 meter wonten nginggil toya laut. Pace inggih menika taneman orisinil saking Indonesia. Taneman menika gadhah  batang kang mboten ageng sanget, inggilipun taneman inggih menika 3–8 m. Ronipun tumpuk undung adep-adepan, panjang ronipun 20–40 cm kaliyan wiyaripun 7–15 cm. Kembangipun arupi kembang bongkol ingkang alit – alit wernanipun pethak. Wohipun gadhah werna ijem kaliyan arupi woh buni ingkang arupi lonjong ngangge trotol – trotol. Wohipun kathah kaliyan alit – alit wonten ing nglebet daging. Racakipun taneman pace gesang kanthi bero wonten ing wono – wono utawi di tanem tiyang wonten ing sakiwa tengenipun griya.
Pace gadhah asma lokal: mengkudu (Indonesia), Pace, Kemudu, Kudu (Jawa); Cengkudu (Sunda), Kodhuk (Madura), Wengkudu (Bali). Wohipun buni taneman pace ingkang sampun mateng gadhah ambetipun ingkang mboten sedhep, ananging gadhah aneka zat ingkang manfaatipun kangge pengobatan. Zat ingkang wonten inggih menika morinda diol, morindone, morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril kaliyan sorandiyiol.
Amargi gadhah zat menika, pace saged kangge ngobati werni – werni lelara. Tuladhanipun :
1.      Hipertensi utawi darah tinggi
2.      Gerah kuning
3.      Gerah panas
4.      Gerah cekoh
5.      Gerah padharan
6.      Mbucal sisik wonten ing suku




Sumber http://rajebgroups.blogspot.com